Jumat, 19 Mei 2017

SESORAH





Sesorah utawi pidato, ugi sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah. Paraga ingkang gadhah kajibahan mbabar satunggaling prekawis (wacana) inggih punika pamedhar sabda.

Bab rantamaning sesorah :
1.       Salam Pambuka (manut kapidadosan saha swasananipun)
2.       Purwaka, inggih punika ngunjukakenpuji syukur dumateng Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
3.       Surasaning basa/ isi/wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4.       Dudutan (simpulan), inggih menika inti sariningwedharan pangajeng-ajeng inggih menika bab ingkang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah  dhumateng ingkang miring.
5.       Wasana, inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.

 Jinising sesorah
Kanthi mekaten jinisipun sesorah saged kabentenaken dados warni sekawan, inggih menika :
1.      Sesorah Kanthi cara Apalan.
Cara menika sadherengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan catetan.
2.      Sesorah Kanthi cara Naskah Utawi Teks.
Menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidato lajeng dipun waoos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari.
3.      Sesorah Kanthi cara Dadakan Utawi Impromptu.
Cara pidato kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah  utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
4.      Sesorah Kanthi cara Eksemporan.
Cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel catetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikaken.

tuladha : 

SESORAH DINTEN PAHLAWAN

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Ingkang kula kurmati Kepala Sekolah SMA 1 Godean
Ingkang kula kurmati Bapak/Ibu guru.
Saha para kanca ingkang kula tresnani.
Wonten ing  suasana ingkang bagya niki mangga kita sedaya ngunjukaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun, satemah wakdal niki kita sedaya saget kempal lan ngerawuhi acara niki kanti boten wonten alangan setunggalipun. Mugiya rawuh kula lan panjenengan sedaya wonten gina lan manfaati-pun.
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan. Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.
Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa menika.
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan. 
Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa lan negari. Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.
Para rawuh ingkang kula kurmati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samudra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin..
Wassalamu’alai-kum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Kapetik saking :



0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates