Jumat, 19 Mei 2017

CERKAK (CERITA CEKAK)

Cerkak utawi cerita cekak menika satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang,kados dene Novella (kanthi teges modern) saha novel. Cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel.
Cerkak limrah cariyosipn naming kadadosan saking satunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantaraken setting, nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadepi konflik), klimaks(punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak), wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken).

Cerkak gadhah kalih unsur inggih punika:
1.      Unsur Intrinsik
Menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsur intrinsik:
a.    Tema, menika uderaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken uderaning cariyos.
b.    Latar/setting, menika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak.
c.       Alur/plot, menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih menika: alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
d.      Watak, menika gegambaran karakter paraga ingkang wonten ing cariyos.
e.    Nilai (amanat)/ piwulang luhur, menika piweling ingkang badhe kaaturaken denin penganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingan dhateng soksintena ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
f.       Cara Penyerat Nyariosaken (sudut pandang/ point of view), menika kalenggahanipun panyerat rikala nyariosaken .
g.      Gaya bahasa/lelawaning basa.
2.      Unsur Ekstrinsik
a.       Nilai-nilai ing salebeting cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b.      Latar belakang gesangipun penganggit.
c.       Kahanan social rikala cariyos dipundamel.



tuladha :
REUNI
(Tito Setyo Budi)

Lagu San Francisco lagi wae mungkur. Lagu kang endah. If you’re going to San Francisco, be sure to wear some flowers in your hair If you going to San Francisco, you’re gonna meet some gentle people there. Yen sliramu sanja menyang San Francisco, mesthi bakal ana kembang kang kasisipake ing rambutmu. Menawa sliramu dolan menyang San Francisco bakal ketemu pawongan-pawongan kang ramah ing kana.
Ah, ora usah tekan San Francisco. Ing kene wae. Ing Walikukun, kutha cilik kabawah, Kabupaten Ngawi, aku wis nemoni pawongan-pawongan kang ramah, kalebu Suparwo Priyadi kang nembe wae mungkasi olehe nyanyi kasambut surak ambata rubuh. Hebat, Parwo, ora kacek adoh karo Scot McKansie, penyanyi asline.
Saiki giliranku menehi sambutan minangka ketua panitia, sawise aweh pangalembana marang Parwa kang mbukak acara reuni kanthi swara kang galik-kalik gawe gawoke wong segedhong.
Iki sejatine dudu reunine wong sukses, ananging reunine wong mentas sukses. Geneya mengkono? Awit wis padha kliwat umur sewidak. Racake wis padha pensiun saka pegaweyane dhewe-dhewe. Ana mantan jenderal, kepala bank, sekretaris daerah, kepala dinas, guru, PNS, lan sapanunggalane. Mung guru besar kaya Bambang Widigdo sing njabat rektor sing pensiune isih sepuluh taun maneh. Sarta para profesional kaya Daniel, jurnalis sing ngesuhi majalah asil tembayatan bareng kanca-kancane, lan Rumekso dhokter sing isih tetep bisa praktek ing ngomahe dhewe sanadyan PNS-e wis pensiun.
Aku dhewe, Kamdani jenengku, malah ora kenal pensiun angger awake isih kuwat. Lire, pakaryanku mung dodol es puter ngladeni bocah-bocah SD. Pendidikan formalku mung tekan SMP, awit aku wis lola wiwit cilik. Bisa lulus SMP kuwi wae wis begja kemayangan. Kabeh mau saka kamurahane guruku, Bu Endang Poedji, kang takdhereki sarta kersa ngragadi sekolahku. Bar kuwi banjur mburuh-mburuh menyang maneka-warna pablik lan kutha. Wiwit Jakarta nganti Surabaya. Wiwit saka pabrik mihun nganti minuman. Pungkasane mulih kandhang neng Walikukun, omah-omah karo anake tanggaku. Rekane wong aku lan bojoku padhadene “bisnismen” Aku dodol es puter, bojoku dodolan sayuran neng pasar. Tujune anakku loro pinter-pinter. Kabeh entuk beasiswa sawise nerusake ing pawiyatan luhur.
Ewasemono lha kok ing reuni kapisanan SMP angkatan 1972 iki aku sing kadhapuk dadi ketua panitia. Malah Suparwo Priyadi sing mantan kepala BRI Cabang milih dhewe jabatane dadi pembantu umum. Iki genah pengenyekan entek-entekan ngono kae.
Sakawit aku genah berok-berok, kipa-kipa nulak. “Iki edan pa, Jenderal. Aku ki mung bakul es. Sekolahku mung S2 alias SD lan SMP. Lha para priyagung kalebu awakmu lan Bos Parwo kuwi trus arep manggon neng ngendi? Yen arep ngenyek lan ngece mbok aja banget-bangetlah!” wuwusku serius. Panyawangku ngener menyang Didik Suhardi, purnawirawan bintang loro Angkatan Darat. Suparwo kang lungguh ing jejere mung mesam-mesem.
“Iki ora ngece, ora ngenyek, Kam. Serius iki. Kanca-kanca wis sepakat kabeh, sarehne awakmu sing isih setiya manggon neng Walikukun ya apike awakmu sing kajibah dadi ketua panitia reuni. Lan maneh, yen kowe terus-terusan nyebut jenderal-jenderal taktembak gundhulmu mengko. Ing WhatsApp rak wis disepakati ta, yen ing reuni iki ora entuk nyebut gelar, pangkat, jabatan, kalebu mas, mbak, pak. Kabeh kudu diceluk jenenge kanthi njangkar kaya dhek nalika SMP,” ujare Jenderal Didik (ambak wis pensiun umume pensiunan jenderal ya diundang kanthi sebutan jenderal).
“Iki wis cocok kanggo kowe, Kam,” sumambunge Suparwo sing biyen undang-undangane Thuthul. Biyen cilik ngiyeyet, saiki lemu, seger, awit ketunggon dhuwit milyaran sanadyan duweke negara.
“Cocok piye? Apane sing cocok?” aku isih tetep ngeyel.
“Jenengmu Kamdani, ora adoh karo komandan. Mula saiki kanca-kanca yen ngundang kowe ora Kam, nangin Ndan. Lho, rak hebat, ta?”
“Alah, alah, kuwi rak mung akal-akalanmu wae. Sing genah aku emoh. Ora pantes. Aluwung aku ora melu reuni sisan. Kanggoku reuni kuwi barang lux, kumpulane para priyagung sukses. Aku rak mung isa ngeses, rokokan tingwe, alias lintingan dhewe.”
“Walah, kowe ki kok olehmu ora muji syukur ing ngarsane Pengeran Kang Murbeng Dumadi,” panyaute Jenderal Didik.
“Aku lan sakanca weruh. Sanadyan kowe rumangsa ora sukses ing pendidikan nanging anak-anakmu hebat, ngedab-edabi. Sing mbarep dadi dhosen, saiki nempuh dhoktor ing Universitas Utrecht, Landa. Anakmu nomer loro, lulusan ITB wis kerja neng Kalimantan.”
“Iya, kuwi anak-anakku. Jarene Khalil Gibran, anak-anak mono kayadene anak panah kang lumepas saka gendhewane. Aku ya aku, anakku ya anakku. Dheweke nduwe laku jantraning urip dhewe.” Nanging protesku wis ora digubris. Ora dipaelu. Pokoke gelem ora gelem aku kudu madeg dadi ketua panitia reuni. Tugasku mung ngoordinasi lan nuntaske mata-acara. Bab wragad wis ora perlu digagas. Kepara turah. Aku dhewe sejatine dipenging melu urunan, ananging aku gemang. Iki wis nyangkut harga diri. Sanadyan aku mung bisa urun rong atus ewu rupiyah, kudu ditampa. Lan Dwi Pakuwati, bendaharane, ya wis isa nampa lan nyatheti. Menehi kuitansi.
Nganti mobil Alphard warna ireng sing ditumpangi priyagung loro mau tleser-tleser metu saka pekaranganku aku isih dheleg-dheleg. Mbok wedok takundang, takjarwani. Gumunku, ora kok kaget, malah ketok yen seneng. Aku sing petrek-petrek.
“Kowe ki piye ta, Bu. Iki sanggan sing abot lho. Kuwi mengko aku kudu pidhato ing sangarape para kanca sing uripe sukses. Aku arep guneman apa? Apa ya arep crita bab nggawe es puter utawa kangkung sing olehmu methik neng pinggir sawah kuwi? Kowe rak ora ngerti, kancaku sing jenenge Bambang Widigdo kuwi profesor doktor ahli urang lulusan Jerman.”
“Sing ngudokne kojah bab pegaweyan sapa? Paling rak ya mung atur pambagya, ngucapke selamat lan sukses, lan crita sithik bab nalika sampeyan isih padhadene dadi kanca sekolah,” wangsulane bojoku nreweteh. Mletik pikire. Ya maklumlah, bojoku rak ya nate kambon bangku SMEA nadyan ora nganti tamat.Lan temenan. Rong ndina sadurunge kepyaking gawe Jenderal Didik ngecek. “Piye, Ndan, siyap kabeh, to?”
“Siyaaap laksanakan, Jenderal!” wangsulanku kanthi patrap militer, kurmat, aweh palapuran. Pak Jenderal lan Profesor Bambang Didgo didhampingi Doktor Nurul sing telu-telune dhapukane penasihat ngguyu kemekelen.
Reuni lancar. Sangang puluh persen para alumni bisa teka. Gurune sing isih sugeng lan bisa karawuhake ana papat, dipapag saka ndaleme piyambak-piyambak nganggo mobil mewah. Pak Syamsudin, Pak Roly, Bu Kartini, Bu Padmi. Ateges yuswane wis punjul saka wolungpuluh taun, malah kepara ngancik angka sangang puluh. Isih katon sehat sanadyan tindake wis ora sentosa maneh. Nalika arep lenggah ing kursi pakurmatan ngarep dhewe digandheng dening kanca-kanca.
Sejene yen undang-undang kudu njangkar uga ana kuwajiban sing ora kena dianyang, yakuwi kudu nyanyi, nyumbangake lagu siji-siji. “Aku biyen karo Pak Radji bijiku nyanyi mung entuk lima kok saiki diplekotho kudu nyanyi,” protese pensiunan komisaris polisi Bambang Suryo.
“Ora perduli, pokoke kudu nyanyi,” pambengoke Sungkono, mantan kepala BNI ing Surabaya. Kabeh padha surak nyetujoni. Lan ya temenan, panggung dadi punjere ger-geran amarga akeh sing lucu. Ana sing karepe nembang campursani nanging syaire lali trus diawur. Ana sing bar mbengok salarik trus plola-plolo bingung olehe arep nerusake. Ana sing apal syaire ning nadhane pathing plethot. Jan ngalam ndonya werna-werna kahanane ngono kae.
Giliran Suparwo nyanyi kang kapindho sawise lagu pambuka San Fancisco mau. Yen Parwo wis ora perlu dikomentar. Entuk hadiah keplok wis mesthi. Nalika nyanyekake lagu Release Me, Jan persis Engelbert Humperdinck satekuk-tekukane swara. Malah kabare, biyen dheweke bisa katampa dadi pegawai BRI ya amarga saka baute menyanyi lan juara ping-pong.
Pangalembana standing applause malah kepara diwenehake menyang duet Dokter Rumekso lan Doktor Nurul sabubare nyanyekake Somewhere Between. Yen iki ora amarga apike swara. Adoh yen katandhing karo duete The Thumbleweeds. Nanging amarga momentume sing langka. Kabare sawise dipacok-pacokake nalika jaman SMP patang puluh lima taun kepungkur bocah loro kuwi banjur satru nganti tuwa. Ya lagi ing reuni iki katemune. Mula banjur didhaulat nyanyi duet.
Rampung seneng-seneng neng gedhong dibacutake anjangsana tilik sekolahane biyen. Mapane sekolahan isih pancet ing Jalan Srimulyo. Ya mung bangunan kelase wis akeh owah. Tujune ana sawetara kelas kang isih migunakake bangku modhel kuna. Dadi banjur pating clebung ngarani kuwi dhisik sing nate dilungguhi.
Biyen ing kelas IIIA ana primadonane. Jenenge Endang Utari, jajerane jenenge Lestari. Yen pinuju Lestari absen ora mlebu embuh lara embuh lunga, bocah lanang padha oyok-oyokan ngenggoni jejere. Rumangsane jejer bocah ayu ki wis kaya nyandhing widadari Supraba.
Reuni ditutup kanthi nyekar menyang makame kepala sekolah favorit, Pak Soepomo Prodjodiwirjo. Bubar acara ora kabeh padha mulih. Isih ana wae sing keri. Ana yen wong pitu, kalebu Jenderal Didik, Profesor Bambang lan Suparwo. Isih katrem jagongan neng ngomahku. Nyonyahku tak kon mbeleh pitik dimangsak opor.
Jagongan ditutugake. Sakawit ya mung ngrembug lumakune reuni kang kalebu sukses. Keren-kerene lha kok ngrembug awakku. Jarene, kanca-kanca kepengin ngangkat drajatku. Aku langsung njola.
“Yagene aku? Apa drajatku wis asor?” panundhesku. “Ora ngono,” sumaute Bambang. “Ing kalodhangan kang becik iki aku sakanca wis gilig-gumolong, saiyek saeka-kapti, kepengin nggawekne awakmu toko cilik ing pinggir dalan gedhe. Kebeneran iki jare lagi ana kaplingan sing diedol. Kepriye yen usahamu es puter digedhekake. Dadi wis ora perlu mubeng menyang sekolahan-sekolahan. Awakmu wis tuwa lho. Tenagamu rak ya wis ringkih.”
Aku gedheg. Tanganku sraweyan nulak. “Aku wis cukup kaya ngene wae. Uripku wis rumangsa marem. Matur nuwun semono kawigatene kanca-kanca. Cukup dongakke wae aku lan bojoku tansah sehat. Samangsa aku wong loro isih kuwagang nyambut gawe aku ora arep nampa paweweh kanggo urip apamaneh njejaluk, kalebu menyang anak-anakku.”
Muni mengkono pikiranku langsung kelingan film seri karyane Arswendo Atmowiloto, Keluarga Cemara. Critane Abah saanak bojone sing nandhang kacingkrangan sawise perusahaane Abah bangkrut, ananging tetep isa ngrasakake bab-bab cilik sing nyenengake. Upamane nalika Ara nemu bonekah amoh ing pawuhan. Swasana tidhem permanem sawetara. Sajake gunemku wis banget nunjem pulung-atine kanca-kanca. Mula banjur taksuwak, takwalik dadi guyonan maneh.
Ngarepake tengah wengi kanca-kanca lagi padha pamit. Bali menyang hotel ing Solo. Andekmana ya isih tetep wangkot ninggali amplop tanggung warna soklat, mlenthu. Bojoku sing dipeksa nampa. Bareng dhayohe wis lunga adoh bojoku celathu karo arep mbukak amplop, “Isine mesthi dhuwit, Pak.”
“Aja kesusu bungah. iya yen isine dhuwit, lha yen mung sarung utawa slendhang utawa malah mung lempitan kertas koran apa ra modar olehmu kebacut ngarep-arep,” sumaurku karo wiwit ngglethak neng amben.
“Ya ora lah yen kertas koran. Mongsok priyayi-priyayi gedhe arep apus-apus.
“Wooo... ora kena semono. Wong jaman saiki hare.”
Nyatane bungkusan amplop soklat isi sarung temenan. Lan dhuwit sepuluh yuta. Sarunge takjupuk dhuwite digawa bojoku. “Aja mbokpangan dhewe, Bu. Kanca-kancamu dodol janganan sing wis sepuh-sepuh kae bagehana. Kuwi mono rejekine simbah-simbah kae sing dititipake menyang kowe. Banjur wong wedok-wedok bangsane Kaminah, Lastri, Mboke War sing sambat keblegan utang repot olehe arep ngragadi sekolah anake kae ya kudu mbok bantu.”
Wengine saya mrambat. Bojoku nusul turu. Langsung kelingan jaman manten anyar. Alhamdulillah awak isih padha sehat. Mula kedadeyan sabanjure ora perlu dirembug maneh. (Cuthel)
  

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates