c.
Kahanan social rikala
cariyos dipundamel.
tuladha :
REUNI
(Tito Setyo Budi)
Lagu San Francisco lagi wae mungkur. Lagu kang
endah. If you’re going to San Francisco,
be sure to wear some flowers in your hair If you going to San Francisco, you’re
gonna meet some gentle people there. Yen sliramu sanja menyang San
Francisco, mesthi bakal ana kembang kang kasisipake ing rambutmu. Menawa
sliramu dolan menyang San Francisco bakal ketemu pawongan-pawongan kang ramah
ing kana.
Ah, ora usah tekan San Francisco. Ing kene wae. Ing
Walikukun, kutha cilik kabawah, Kabupaten Ngawi, aku wis nemoni
pawongan-pawongan kang ramah, kalebu Suparwo Priyadi kang nembe wae mungkasi
olehe nyanyi kasambut surak ambata rubuh. Hebat, Parwo, ora kacek adoh karo
Scot McKansie, penyanyi asline.
Saiki giliranku menehi sambutan minangka ketua
panitia, sawise aweh pangalembana marang Parwa kang mbukak acara reuni kanthi
swara kang galik-kalik gawe gawoke wong segedhong.
Iki sejatine dudu reunine wong sukses, ananging
reunine wong mentas sukses. Geneya mengkono? Awit wis padha kliwat umur
sewidak. Racake wis padha pensiun saka pegaweyane dhewe-dhewe. Ana mantan
jenderal, kepala bank, sekretaris daerah, kepala dinas, guru, PNS, lan
sapanunggalane. Mung guru besar kaya Bambang Widigdo sing njabat rektor sing
pensiune isih sepuluh taun maneh. Sarta para profesional kaya Daniel, jurnalis
sing ngesuhi majalah asil tembayatan bareng kanca-kancane, lan Rumekso dhokter
sing isih tetep bisa praktek ing ngomahe dhewe sanadyan PNS-e wis pensiun.
Aku dhewe, Kamdani jenengku, malah ora kenal pensiun
angger awake isih kuwat. Lire, pakaryanku mung dodol es puter ngladeni
bocah-bocah SD. Pendidikan formalku mung tekan SMP, awit aku wis lola wiwit
cilik. Bisa lulus SMP kuwi wae wis begja kemayangan. Kabeh mau saka kamurahane
guruku, Bu Endang Poedji, kang takdhereki sarta kersa ngragadi sekolahku. Bar
kuwi banjur mburuh-mburuh menyang maneka-warna pablik lan kutha. Wiwit Jakarta
nganti Surabaya. Wiwit saka pabrik mihun nganti minuman. Pungkasane mulih
kandhang neng Walikukun, omah-omah karo anake tanggaku. Rekane wong aku lan
bojoku padhadene “bisnismen” Aku dodol es puter, bojoku dodolan sayuran neng
pasar. Tujune anakku loro pinter-pinter. Kabeh entuk beasiswa sawise nerusake
ing pawiyatan luhur.
Ewasemono lha kok ing reuni kapisanan SMP angkatan
1972 iki aku sing kadhapuk dadi ketua panitia. Malah Suparwo Priyadi sing
mantan kepala BRI Cabang milih dhewe jabatane dadi pembantu umum. Iki genah
pengenyekan entek-entekan ngono kae.
Sakawit aku genah berok-berok, kipa-kipa nulak. “Iki
edan pa, Jenderal. Aku ki mung bakul es. Sekolahku mung S2 alias SD lan SMP. Lha
para priyagung kalebu awakmu lan Bos Parwo kuwi trus arep manggon neng ngendi?
Yen arep ngenyek lan ngece mbok aja banget-bangetlah!” wuwusku serius.
Panyawangku ngener menyang Didik Suhardi, purnawirawan bintang loro Angkatan
Darat. Suparwo kang lungguh ing jejere mung mesam-mesem.
“Iki ora ngece, ora ngenyek, Kam. Serius iki.
Kanca-kanca wis sepakat kabeh, sarehne awakmu sing isih setiya manggon neng
Walikukun ya apike awakmu sing kajibah dadi ketua panitia reuni. Lan maneh, yen
kowe terus-terusan nyebut jenderal-jenderal taktembak gundhulmu mengko. Ing
WhatsApp rak wis disepakati ta, yen ing reuni iki ora entuk nyebut gelar,
pangkat, jabatan, kalebu mas, mbak, pak. Kabeh kudu diceluk jenenge kanthi
njangkar kaya dhek nalika SMP,” ujare Jenderal Didik (ambak wis pensiun umume
pensiunan jenderal ya diundang kanthi sebutan jenderal).
“Iki wis cocok kanggo kowe, Kam,” sumambunge Suparwo
sing biyen undang-undangane Thuthul. Biyen cilik ngiyeyet, saiki lemu, seger,
awit ketunggon dhuwit milyaran sanadyan duweke negara.
“Cocok piye? Apane sing cocok?” aku isih tetep
ngeyel.
“Jenengmu Kamdani, ora adoh karo komandan. Mula
saiki kanca-kanca yen ngundang kowe ora Kam, nangin Ndan. Lho, rak hebat, ta?”
“Alah, alah, kuwi rak mung akal-akalanmu wae. Sing
genah aku emoh. Ora pantes. Aluwung aku ora melu reuni sisan. Kanggoku reuni
kuwi barang lux, kumpulane para priyagung sukses. Aku rak mung isa ngeses,
rokokan tingwe, alias lintingan dhewe.”
“Walah, kowe ki kok olehmu ora muji syukur ing
ngarsane Pengeran Kang Murbeng Dumadi,” panyaute Jenderal Didik.
“Aku lan sakanca weruh. Sanadyan kowe rumangsa ora
sukses ing pendidikan nanging anak-anakmu hebat, ngedab-edabi. Sing mbarep dadi
dhosen, saiki nempuh dhoktor ing Universitas Utrecht, Landa. Anakmu nomer loro,
lulusan ITB wis kerja neng Kalimantan.”
“Iya, kuwi anak-anakku. Jarene Khalil Gibran,
anak-anak mono kayadene anak panah kang lumepas saka gendhewane. Aku ya aku,
anakku ya anakku. Dheweke nduwe laku jantraning urip dhewe.” Nanging protesku
wis ora digubris. Ora dipaelu. Pokoke gelem ora gelem aku kudu madeg dadi ketua
panitia reuni. Tugasku mung ngoordinasi lan nuntaske mata-acara. Bab wragad wis
ora perlu digagas. Kepara turah. Aku dhewe sejatine dipenging melu urunan, ananging
aku gemang. Iki wis nyangkut harga diri. Sanadyan aku mung bisa urun rong atus
ewu rupiyah, kudu ditampa. Lan Dwi Pakuwati, bendaharane, ya wis isa nampa lan
nyatheti. Menehi kuitansi.
Nganti mobil Alphard warna ireng sing ditumpangi
priyagung loro mau tleser-tleser metu saka pekaranganku aku isih dheleg-dheleg.
Mbok wedok takundang, takjarwani. Gumunku, ora kok kaget, malah ketok yen
seneng. Aku sing petrek-petrek.
“Kowe ki piye ta, Bu. Iki sanggan sing abot lho.
Kuwi mengko aku kudu pidhato ing sangarape para kanca sing uripe sukses. Aku
arep guneman apa? Apa ya arep crita bab nggawe es puter utawa kangkung sing
olehmu methik neng pinggir sawah kuwi? Kowe rak ora ngerti, kancaku sing
jenenge Bambang Widigdo kuwi profesor doktor ahli urang lulusan Jerman.”
“Sing
ngudokne kojah bab pegaweyan sapa? Paling rak ya mung atur pambagya, ngucapke
selamat lan sukses, lan crita sithik bab nalika sampeyan isih padhadene dadi
kanca sekolah,” wangsulane bojoku nreweteh. Mletik pikire. Ya maklumlah, bojoku
rak ya nate kambon bangku SMEA nadyan ora nganti tamat.Lan temenan. Rong ndina
sadurunge kepyaking gawe Jenderal Didik ngecek. “Piye, Ndan, siyap kabeh, to?”
“Siyaaap laksanakan, Jenderal!” wangsulanku kanthi
patrap militer, kurmat, aweh palapuran. Pak Jenderal lan Profesor Bambang Didgo
didhampingi Doktor Nurul sing telu-telune dhapukane penasihat ngguyu kemekelen.
Reuni lancar. Sangang puluh persen para alumni bisa
teka. Gurune sing isih sugeng lan bisa karawuhake ana papat, dipapag saka
ndaleme piyambak-piyambak nganggo mobil mewah. Pak Syamsudin, Pak Roly, Bu
Kartini, Bu Padmi. Ateges yuswane wis punjul saka wolungpuluh taun, malah
kepara ngancik angka sangang puluh. Isih katon sehat sanadyan tindake wis ora
sentosa maneh. Nalika arep lenggah ing kursi pakurmatan ngarep dhewe digandheng
dening kanca-kanca.
Sejene yen undang-undang kudu njangkar uga ana
kuwajiban sing ora kena dianyang, yakuwi kudu nyanyi, nyumbangake lagu
siji-siji. “Aku biyen karo Pak Radji bijiku nyanyi mung entuk lima kok saiki
diplekotho kudu nyanyi,” protese pensiunan komisaris polisi Bambang Suryo.
“Ora perduli, pokoke kudu nyanyi,” pambengoke
Sungkono, mantan kepala BNI ing Surabaya. Kabeh padha surak nyetujoni. Lan ya
temenan, panggung dadi punjere ger-geran amarga akeh sing lucu. Ana sing karepe
nembang campursani nanging syaire lali trus diawur. Ana sing bar mbengok
salarik trus plola-plolo bingung olehe arep nerusake. Ana sing apal syaire ning
nadhane pathing plethot. Jan ngalam ndonya werna-werna kahanane ngono kae.
Giliran Suparwo nyanyi kang kapindho sawise lagu
pambuka San Fancisco mau. Yen Parwo wis ora perlu dikomentar. Entuk hadiah
keplok wis mesthi. Nalika nyanyekake lagu Release Me, Jan persis Engelbert
Humperdinck satekuk-tekukane swara. Malah kabare, biyen dheweke bisa katampa
dadi pegawai BRI ya amarga saka baute menyanyi lan juara ping-pong.
Pangalembana standing applause malah kepara
diwenehake menyang duet Dokter Rumekso lan Doktor Nurul sabubare nyanyekake
Somewhere Between. Yen iki ora amarga apike swara. Adoh yen katandhing karo
duete The Thumbleweeds. Nanging amarga momentume sing langka. Kabare sawise
dipacok-pacokake nalika jaman SMP patang puluh lima taun kepungkur bocah loro
kuwi banjur satru nganti tuwa. Ya lagi ing reuni iki katemune. Mula banjur
didhaulat nyanyi duet.
Rampung seneng-seneng neng gedhong dibacutake
anjangsana tilik sekolahane biyen. Mapane sekolahan isih pancet ing Jalan
Srimulyo. Ya mung bangunan kelase wis akeh owah. Tujune ana sawetara kelas kang
isih migunakake bangku modhel kuna. Dadi banjur pating clebung ngarani kuwi
dhisik sing nate dilungguhi.
Biyen ing kelas IIIA ana primadonane. Jenenge Endang
Utari, jajerane jenenge Lestari. Yen pinuju Lestari absen ora mlebu embuh lara
embuh lunga, bocah lanang padha oyok-oyokan ngenggoni jejere. Rumangsane jejer
bocah ayu ki wis kaya nyandhing widadari Supraba.
Reuni ditutup kanthi nyekar menyang makame kepala
sekolah favorit, Pak Soepomo Prodjodiwirjo. Bubar acara ora kabeh padha mulih.
Isih ana wae sing keri. Ana yen wong pitu, kalebu Jenderal Didik, Profesor
Bambang lan Suparwo. Isih katrem jagongan neng ngomahku. Nyonyahku tak kon
mbeleh pitik dimangsak opor.
Jagongan ditutugake. Sakawit ya mung ngrembug
lumakune reuni kang kalebu sukses. Keren-kerene lha kok ngrembug awakku.
Jarene, kanca-kanca kepengin ngangkat drajatku. Aku langsung njola.
“Yagene aku? Apa drajatku wis asor?” panundhesku. “Ora
ngono,” sumaute Bambang. “Ing kalodhangan kang becik iki aku sakanca wis
gilig-gumolong, saiyek saeka-kapti, kepengin nggawekne awakmu toko cilik ing
pinggir dalan gedhe. Kebeneran iki jare lagi ana kaplingan sing diedol. Kepriye
yen usahamu es puter digedhekake. Dadi wis ora perlu mubeng menyang
sekolahan-sekolahan. Awakmu wis tuwa lho. Tenagamu rak ya wis ringkih.”
Aku gedheg. Tanganku sraweyan nulak. “Aku wis cukup
kaya ngene wae. Uripku wis rumangsa marem. Matur nuwun semono kawigatene
kanca-kanca. Cukup dongakke wae aku lan bojoku tansah sehat. Samangsa aku wong
loro isih kuwagang nyambut gawe aku ora arep nampa paweweh kanggo urip apamaneh
njejaluk, kalebu menyang anak-anakku.”
Muni mengkono pikiranku langsung kelingan film seri
karyane Arswendo Atmowiloto, Keluarga Cemara. Critane Abah saanak bojone sing
nandhang kacingkrangan sawise perusahaane Abah bangkrut, ananging tetep isa
ngrasakake bab-bab cilik sing nyenengake. Upamane nalika Ara nemu bonekah amoh
ing pawuhan. Swasana tidhem permanem sawetara. Sajake gunemku wis banget nunjem
pulung-atine kanca-kanca. Mula banjur taksuwak, takwalik dadi guyonan maneh.
Ngarepake tengah wengi kanca-kanca lagi padha pamit.
Bali menyang hotel ing Solo. Andekmana ya isih tetep wangkot ninggali amplop
tanggung warna soklat, mlenthu. Bojoku sing dipeksa nampa. Bareng dhayohe wis
lunga adoh bojoku celathu karo arep mbukak amplop, “Isine mesthi dhuwit, Pak.”
“Aja kesusu bungah. iya yen isine dhuwit, lha yen
mung sarung utawa slendhang utawa malah mung lempitan kertas koran apa ra modar
olehmu kebacut ngarep-arep,” sumaurku karo wiwit ngglethak neng amben.
“Ya ora lah yen kertas koran. Mongsok priyayi-priyayi
gedhe arep apus-apus.
“Wooo... ora kena semono. Wong jaman saiki hare.”
Nyatane bungkusan amplop soklat isi sarung temenan.
Lan dhuwit sepuluh yuta. Sarunge takjupuk dhuwite digawa bojoku. “Aja
mbokpangan dhewe, Bu. Kanca-kancamu dodol janganan sing wis sepuh-sepuh kae
bagehana. Kuwi mono rejekine simbah-simbah kae sing dititipake menyang kowe.
Banjur wong wedok-wedok bangsane Kaminah, Lastri, Mboke War sing sambat
keblegan utang repot olehe arep ngragadi sekolah anake kae ya kudu mbok bantu.”
Wengine saya mrambat. Bojoku nusul turu. Langsung
kelingan jaman manten anyar. Alhamdulillah awak isih padha sehat. Mula
kedadeyan sabanjure ora perlu dirembug maneh. (Cuthel)